Pair of Vintage Old School Fru

Ing ngisor iki kawruh itung kanggo wong yen arep nikahan
NEPTUNE DINO :
Senin : 4
Seloso : 3
Rebu : 7
Kemis : 8
Jum'ah : 6
Sabtu : 9
Ahad : 5
NEPTU PASARAN :
Legi : 5
Paing : 9
Pon : 7
Wage : 4
Kliwon : 8
BAB PETUNG 1_A
Wetone penganten lanang wadon,neptune dina lan pasaran ditambah banjur dibagi 4,turah pira,
yen turah:
1.Gentho,larang anak
2.Gembili,sugih anak
3.Sri,sugih rejeki
4.Punggel,mati siji
KET:
Saumpama wetone penganten lanang,Jum'ah Pon,neptune 6 lan 7=13. Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 lan 9=17. Gunggung 13 lan 17=30. Kabagi 4-4 turah 2,tiba gembili,sugih anak. Iku becik.

PETUNG B
Wetone panganten lanang wadon

  1. ahad lan ahad, kerep lara
  2. ahad lan senen, sugih lara
  3. ahad lan selasa, melarat
  4. ahad lan rebo, yuwana
  5. ahad lan kemis, padu
  6. ahad lan jum'at, yuwana
  7. ahad lan sabtu, mlarat
  8. Senin lan senen, ala
  9. Senin lan selasa, yuwana
  10. Senin lan Rebo, anake wadon
  11. Senin lan kemis, disihi wong
  12. Senin lan Jum'at, yuwana
  13. Senin lan Sabtu, brekat
  14. Selasa lan selasa, ala
  15. Selasa lan Rebo, sugih
  16. Selasa lan Kemis, sugih
  17. Selasa lan Jum'at, pegat
  18. Selasa lan Setu, kerep padu
  19. Rebo lan Rebo, ala
  20. Rebo lan Kemis, yuwana
  21. Rebo lan Jum'at, yuwana
  22. Rebo lan Setu, becik
  23. Kemis lan Kemis, yuwana
  24. Kemis lan Jum'at,yuwana
  25. Kemis lan Setu, pegat
  26. Jum'at lan Jum'at, mlarat
  27. Jum'at lan Setu, cilaka
  28. Setu lan Setu, ala


home